Unggah-Ungguh


Unggah-ungguh basa ' bahasa honorifik' inggih punika basa ingkang migunakaken pakurmatan, liripun tatacara kadospundi anggen kula lan panjenengan matrapaken basa kanthi subasita. Kanthi makaten lajeng saged nuwuhaken raos pangraos ngaosi dhateng tiyang sanes.
Nalika jaman Surakarta, tataran unggah-ungguhing basa kaperenag dados enem perangan, inggih punia ;
1. Basa ngoko
a. Basa ngoko lugu (ngoko netral)
b. Basa Ngoko andhap
1) Antyabasa
2) Basaantya
2. Basa Madya
a. Madya ngoko
b. Madyakrama
c. Madyantara
3. Basa Krama
a. Mudhakrama
b. Kramantara
c. Wredhakrama
4. BasaKrama desa
5. Basa krama Inggil
6. Basa Kedhaton
Wonten tigawelas peranganing tataran basa, kamangka basa satunggal lan satunggalipun saged worsuh. Pramila kasiling konggres basa Jawa kapisan 5 Juli 1991, ngasilaken katetapan, tataraning basa namung wontn kalih, inggih punika ;
1) Basa ngoko ( ngoko lugu lan ngoko alus)
2) Basa Krama (krama lugu lan krama alus)

Pangetraping unggah-ungguhing basa punika,kaginakaken kangge ;
1. Tumrap kanca ingkang sampun rumaket
2. Tumrap mitrawicara ingkang dereng wanuh (rumaket)
3. Ngaosi dhateng tiyang sanes
4. Tumrap tiyang nem dhateng tiyang sepuh
5. Tumrap andhahan dhateng panginggil
6. Tiyang sepuh dhateng tiyang anem
7. Tumrap panginggil dhateng andhahan.

Manawi kapendhet tatacara pangetraping basa, pramila ;
a. Basa ngoko lugu, kaginakaken dening ;
1) Kanca sabarakan (umur, pangkat, )
2) Kanca ingkang sampun rumaket
3) Tiyang sepuh dhateng anak
4) Tiyang sepuh dhateng tiyang anem
5) Panginggil dhateng andhahan
6) Kangge ing basa sinerat (buku piwulang, pitutur lsp)

b. Basa ngoko alus, kaginakaken dening ;
1) Kanca sabarakan, sampun rumaket aanging prelu ngaosi
2) Tiyang sepuh dhateng ingkang langkung anem, ananging prelu ngaosi

c. Basa krama, kaginakaken dening ;
1) Tiyang ingkang dereng wanuh
2) Anak dhateng tiyang sepuh
3) murid dhateng guru
4) andhahan dhateng panginggil
5) ibu dhateng bapak
6) Mitra pitepangan kangge ngaosi
7) Ing sesorah

d. Basa krama alus, kaginakaken dening ;
1) andhahan dhateng panginggil ingkang langkung inggil
2) anak dhateng tiyang sepuh

Tataraning basa ingkang kalebur wonten ing konggres ( KBJ I, 5-7-1991)
- Basa antya
- Bsa madya
- Basa kramantara,
- Basa Kramandesa
- Basa Wredhakrama
- Basa Krama inggil
- Basa Kedhaton namung kaginakaken wonten ing keraton (ska/Yka).



Pamulanging Basa Jawa marang wong manca ngatonake masalah werna-werna, mligine masalah rong werna kaya sing digariskake ing ndhuwur. Nanging, kejaba saka masalah iki, ana masalah sing luwih gedhe maneh, yaiku sudane pamulanging Basa Jawa ing nagara-nagara manca.
Kaya dene pamulanging Basa Indonesia, pamulanging Basa Jawa ing manca nagara iya wis mengkered akeh banget, malah wis meh ilang. Ing Australia, Basa Jawa nate dadi mata kuliah populer ana ing Universitas Sydney, Universitas Monash sarta Universitas Nasional Australia (Canberra). Saiki kari Universitas Nasional sing isih nawani Basa Jawa.
Ing kana iya kahanane wis nyenin-kemis. Mata kuliah Basa Jawa sing maune diwenehake saben taun sajeroning rong semester, saiki lagi ditawakake saben rong taun sepisan sajerone sak-semester wae. Cacahing mahasiswa sing duwe minat marang pasinaoning Basa Jawa isih lumayan akehe (nalika semester 1 taun 2010 kepungkur ana mahasiswa 18 sing njupuk Basa Jawa) nanging wragad sing dicepakake kanggo nyengkuyung pamulanging basa-basa “cilik” (small enrolment languages) saya suwe saya suda.



Unggah-Ungguh lan Basa Indonesia: Masalah Rong Werna Sing Ngruwedi Pamulanging Basa Jawa Marang Siswa Manca

George Quinn, Australian National University

Pamulanging Basa Jawa marang siswa manca kinanthenan masalah maneka warna sing akeh-sethithik beda karo masalah ing babagan pamulanging Basa Indonesia. Ing antarane masalah mau ana loro sing katon menjila: pamulanging unggah-ungguh, saha anane Basa Indonesia ing tengah-tengah bebrayan Jawa. Makalah iki menehi andharan cekak bab masalah rong werna iki, sarta nggambarake materi sing wis sumadhiya kanggo pamulanging Basa Jawa marang siswa manca, ditambah informasi sadumuk bab kahananing program-program piwulang Basa Jawa ing manca nagara ing wektu samengko.

1. Pasinaon Basa Jawa ing manca nagara: motivasine para siswa lan materi piwulang

Racake para siswa saka nagara manca sing nedya sinau Basa Jawa padha kedhesek salah siji saka motivasi telung werna, yaiku:
  1. i.Kepengin luwih pinter lan luwih profesional anggone nguwasani Basa Indonesia. Basa Indonesia akeh kena prebawane Basa Jawa – tembung silihan, idiom, ucapan, pamikir sing nJawani – mula yen siswa wis kenal karo Basa Jawa, temtu anggone nguwasani Basa Indonesia dadi luwih jangkep lan otentik.
  2. ii.Kepengin luwih jero lan luwih langsung anggone tepung karo bebrayan Jawa. Ing wektu semengko Basa Jawa saya “kepencil” jalaran saka anane Basa Indonesia sing sumrambah ing tengah-tengah bebrayan Jawa. Malah Basa Indonesia kena diupamakake kaya cepuri sing “mbetengi”, nutupi lan malah ngumpetake Basa Jawa. Sok sapaa sing kepengin tepung temenan karo kabudayan lan bebrayan Jawa – sing arep komunikasi karo wong Jawa mawa cara sing kalumrah ing antarane wong Jawa dhewe – kudu wani nrobos menyang mburine cepuri Basa Indonesia mau.
  3. iii.Kepengin nyemplung ing jagade kabudayan lan kagunan Jawa jalaran saka endahe kabudayan lan kagunan mau. Basa Jawa dadi wahanane kabudayan lan kagunan sing luhur, nengsemake tur gedhe perbawane. Sarana njajah alaming sastra, wayang, sejarah, agama, kabatinan tuwin tata cara Jawa, siswa manca bisa oleh pengalaman batin sing maremake.
Materi kanggo pasinaoning Basa Jawa wis akeh, sanajan sok ora gampang golek-golekane. Salah sijine buku piwulang sing wiwitan dhewe yaiku karangane C.F. Winter Javaansche Zamenspraken (Pacelathon Basa Jawa, 1847). Wiwit dhek sepisanan metu, buku iki dicethak ambal-ambalan, malah suwe-suwe dianggep kaya dene ensiklopedi mini sing ngemot kawruh werna-werna bab kabudayan Jawa. Modhel buku iki bola-bali ditiru ing buku piwulang liyane sing metu ing wektu sabanjure, kaya ta Layang Basa Sala (1911) karangane Padmasoesastra, Serat Warna Sari Djawi (edisi kaping 2, 1929) karangane J. Kats, sarta Javaansche Samenspraken ten Dienste van Vreemdelingen in den Omgang met Javanen (Pacelathon Basa Jawa Kanggo Wong Manca ing Pasrawungan karo Wong Jawa, 1933) karangane Sastrawidjana. Serat Urapsari (1896) karangane Padmasoesastra ngemot wacan maneka-warna kanggo siswa Basa Jawa, lan rampadan wacan iki iya ditiru marambah-rambah ana ing buku weton sabanjure, upamane ana ing karangane S. Prawirodihardjo, Buratsari (1957).
Salah sijining alangan sing nyandhet para siswa manca anggone sinau Basa Jawa yaiku anane sastra tembang sing dominan ana ing kasusastran lawas. Pasinaoning sastra tembang lumrahe dianggep luwih angel tinimbang pasinaoning sastra gancaran. Nalika taun 1874 sarjana Walanda J.J. Meinsma ngetokake edisi Babad Tanah Jawa sing dicekak tur ditulis maneh mawa basa gancaran. Dhapukan anyar iki enggal dadi cekelane para guru Basa Jawa, sarta diwetokake maneh ing taun 1941. Nganti saiki Babad Tanah Jawi-ne Meinsma isih kerep njedhul ing kuliah pasinaon Basa Jawa, kejaba versi gancaran liyane kaya dene karangane Sugiarta Sriwibawa, Babad Tanah Jawa (2 jilid, 1976-1977). Ada-adane Meinsma mau ditiru ing sawatara buku piwulang Basa Jawa sing metu ing abad kaping 20, mligine ing karangane J. Kats Punika papethikan saking serat Jawi ingkang tanpa sekar (1908-1910, edisi kaping 4 1928).
Buku tuntunan kanggo pasinaon Basa Jawa dening siswa saka manca nagara wiwit padha njedhul ing wektu ngancik pungkasaning abad kaping 19. Salah sijine buku sing wiwitan dhewe yaiku karangane J.W. van der Valk Beknopte Handleiding om de Javaansche Taal te Leeren Spreken (Buku Pedoman Cekak Kanggo Sing Nedya Sinau Basa Jawa Lisan, 1892). Buku iki cukup populer nganti dicap ambal-ambalan ing taun 1909, 1912 lan 1928. Minangka dhasaring metode, buku iki aweh gambaran cekak bab paramasastra Basa Jawa, disambung dialog-dialog tuladhan lan wacan maneka-warna sing gegayutan karo urip sadina-dina. Kabeh mau diiringi terjemahan ing Basa Walanda. Ing buku iki tembunge Basa Jawa cukup prasaja lan wacane gancaran (dudu tembang), nanging ora ana latihan, ora ana pandadaran, lan materi sing disajekake ora dipindhoni utawa diambali kaya sing lumrahe diprayogakake ana ing materi piwulang basa manca.
Karangane van der Valk kaya aweh gambaran kepriye sesipataning materi lan pendekatan sing digunakake ing studi Basa Jawa nalika jaman Walanda kuwi. Piwulang Basa Jawa dumadi saka informasi paramasastra dikantheni wacan gancaran sing diiringi terjemahan Basa Walanda, sarta dialog-dialog sing kudu diapal. Pendekatan kaya mangkono kuwi isih payu tekan saiki, mligine ana ing buku piwulang karangane para guru Walanda. Buku piwulang Inleiding tot het Modern Javaans (Pengantar Basa Jawa Modern, 1994) karangane J.J. Ras, sajatine buku piwulang paramasastra, mung wae diseseli dialog lan ukara tuladhan sing dienggo nerangake informasi paramasastra mau. Hedendaags Javaans (Basa Jawa Wektu Samengko, 2000) karangane Ben Arps cs iya kadhapuk adhedhasar informasi paramasastra sing diurut lan dibeberake kanthi njlimet, nanging rada beda karo buku piwulang Walanda ing wektu sadurunge amarga luwih migatekake katrampilan komunikasi lisan, sanajan katrampilan lisan mau digladhi sarana latihan takon-tinakon, ora lumantar peragaan sing magepokan karo situasi sosial tinamtu.
Buku piwulang rong jilid Beginning Javanese (Basa Jawa Wiwitan, 1961) karo Intermediate Javanese (Basa Jawa Tataran Madya, 1963) karangane sarjana Amerika Elinor Horne menehi arah anyar ing babagan materi pamulanging Basa Jawa. Buku loro iki nduweni tujuwan supaya para siswa enggal bisa guneman sajeroning situasi sosial werna-werna. Pengarang njlimet banget anggone milih tembung lan ngatur urutaning wulangan lan pangambal ing tembung. Buku piwulang Giri Sonto Course for Javanese (Kursus Giri Sonto kanggo Pasinaoning Basa Jawa, 1964) karangane J.W.M. Bakker lan Fr M. Sunarwidjaja uga nengenake pendekatan “oral-aural” kanthi tujuwan supaya para siswa pinter srawung nganggo Basa Jawa sajeroning situasi-situasi sosial tinamtu, mligine sing gegayutan karo greja Katolik.
Javanese: A Cultural Approach (Basa Jawa Nganggo Pendekatan Kultural, 1984) karangane Ward Keeler nyimpang adoh saka pendekatan ing sadurunge, sarana ngecakake metode sing rada “bermasalah”. Dhasaring buku iki reroncening dialog-dialog sing gegayutan karo kadadeyan lan situasi sing kajupuk saka urip sadina-dina. Saben dialog mau dikantheni andharan sing dawa, padhet tur njlimet sing nerangake surasaning dialog saka pamawase ilmu antropologi lan ilmu lingguistik. Eman banget dene pendekatan sing apik iki dadi rada mbingungake amarga kosakata ora sistematis anggone ngrembakakake lan latihan-latihan sajake kaya dadi centhangan wae sing diwuwuhake minangka embel-embel.
Wiwara: Pengantar Bahasa dan Kebudayaan Jawa (2001) karangane Harimurti Kridalaksana cs nggunakake pengantar Basa Indonesia, sarta khusus ditujokake marang wong Indonesia sing dudu etnis Jawa. Buku iki menarik jalaran saka topik sing dipilih kanggo wacan lan latihan pacelathon, ing antarane bab pranatamangsa, peranganing omah, temu temanten, tatakrama merdhayoh, nonton wayang wong, lan masalah penunjuk arah nganggo orientasi mancapat. Topik-topik mau nuduhake yen para pengarang ngerti temenan bab apa ing kabudayan Jawa sing angel dingerteni dening wong Indonesia sing dudu etnis Jawa, utawa sing mbingungake tumrap wong Indonesia liyane.
Ing Sri Ngilang (2010) karangane George Quinn – materi piwulang Basa Jawa sing digunakake ana ing Universitas Nasional Australia – ana sandiwara Basa Jawa sing diperagakake dening para mahasiswa. Sandiwara iki disajekake lan diapal mbaka sethithik. Tembung-tembung, komponening paramasastra, idiom-idiom lan liya-liyane ana ing sandiwara mau kajupuk saka wulangan-wulangan sing disinau lan dirembakakake bebarengan karo sandiwara kuwi. Ngancik pungkasaning kursus, sandiwara – sing dawane kurang-luwih 45 menit – diperagakake utawa disyuting dening para mahasiswa.
Buku referensi kanggo pasinaoning Basa Jawa iya ora kurang cacahe. Ing abad kaping 19 misionaris J.F.C. Gericke karo filolog Taco Roorda nggarap bausastra Basa Jawa–Basa Walanda srana nanjakake panaliten werna-werna sing tau ditindakake dening sarjana-sarjana liya, kejaba ngecakake panalitene dhewe. Edisi kapisan bausastra mau diwetokake taun 1847. Sajroning puluhan taun sabanjure karya iki direvisi, ditambahi sarta diedit maneh nganti tumekaning wujud pepak rong jilid, Javaansch-Nederlandsch Handwoordenboek sing diwetokake taun 1901. Nganti saiki, bausastra Gericke-Rooda iki durung ana tandhingane. Kejaba ajeg dijagakake dening para sarjana lan siswa manca sing nggeluti kabudayan Jawa, Javaansch-Nederlandsch Handwoordenboek iya dadi salah sijine dhasar kanggo pangrembakane materi piwulang Basa Jawa sajroning wektu 100 taun kepungkur iki. Pangaribawane bausastra Javaansch-Nederlandsch Handwoordenboek kerasa ana ing babagan leksikologi Basa Jawa, minangka “titik tolak” sing dienggo para kang nyusun bausastra Basa Jawa kanggo siswa manca sing ngluru kapinteran ing babagan Basa Jawa. Klebu ing antarane bausastra mau yaiku Javaans-Nederlands Handwordenboek (Bausastra Jawa-Walanda, 1938) karangane Th. Pigeaud kang kasusulan edisi cekak Nederlands-Javaans en Javaans-Nederlands Zakwoerdenboekje (Bausastra Cilik Walanda-Jawa lan Jawa-Walanda, 1948).[1] Anggitane Elinor Horne asesirah Javanese-English Dictionary (Bausastra Jawa-Inggris) diwetokake ing taun 1974. Kamus iki kena diarani kamus kapisan sing mligi kanggo para siswa penutur Basa Inggris. Nalika taun 2002 bausastra iki kasusulan Javanese English Dictionary, bausastra sing pepak lan sistematis karangane Stuart Robson karo Singgih Wibisono.
Kabeh tembung Basa Jawa sing kamot ana ing bausastra karangane Gericke lan Roorda tinulis mawa huruf carakan Jawa (hanacaraka). Anggitane Pigeaud lan Horne ngecakake tulisan Romawi/Latin mawa ejaan lawas pra-1974. Bausastra Basa Jawa-Inggris sing nganggo huruf Romawi karo ejaan sing sing resmi ditrapake wiwit taun 1974 mung siji, yakuwi anggitane Robson lan Singgih Wibisono. Kejaba kamus Jawa-Walanda lan Jawa-Inggris mau, uga ana sawatara bausastra Jawa-Jawa, Jawa-Indonesia tuwin Indonesia-Jawa sing tinulis mawa ejaan anyar Basa Jawa. Sing pepak dhewe Kamus Basa Jawa (2001) susunane Balai Bahasa Yogyakarta.
Paramasastra Basa Jawa sing wiwitan dhewe yaiku Javaansche Grammatica benevens een Leesboek tot Oefening in the Javaansche Taal (Paramasastra Basa Jawa Kairingan Buku Wacan Kanggo Latihan Basa Jawa) karangane Taco Roorda sing diwetokake taun 1855. Karya iki kasusulan Javaansche Spraakkunst (Paramasastra Basa Jawa, 1919) karangane H.N. Kiliaan, karo Javaansche Spraakkunst (Paramasastra Basa Jawa, 1937) karangane Prijohoetomo.
Sakiwa-tengene taun 1950-an sarjana Walanda E.M. Uhlenbeck kasil ngetokake studi werna-werna ing babagan paramasastra Jawa. Studi maneka warna iki diterjemahake menyang Basa Inggris sarta diwetokake awujud buku Studies in Javanese Morphology (Studi ing Babagan Morfologi Basa Jawa, 1978). Tradisi panaliten iki dijupuk pathi sarine lan dirinkes dening Stuart Robson awujud buku cilik Javanese Grammar for Students (Paramasastra Basa Jawa Kanggo Para Siswa, 1992) sing praktis lan migunani banget. Para sarjana bangsa Jawa uga ngasilake studi werna-werna mawa pengantar Basa Indonesia, ing antarane Tata Bahasa Baku Bahasa Jawa (1991) karangane Sudaryanto, sarta studi sing komprehensif tur dilambari panaliten mumpuni Tata Bahasa Jawa Mutakhir (2005) karangane Wedawati dkk.

2. Tantangan pamulanging unggah-ungguh: endi titik-awale?

Pamulanging Basa Jawa marang siswa manca kerep nemu reruwed sing rada beda karo masalah sing ngruwedi pamulanging Basa Indonesia. Ana masalah rong werna sing katon menjila: unggah-ungguh, tuwin anane basa nasional ing tengah-tengah bebrayan Jawa. Pamulanging unggah-ungguh kerep kudu adu-arep karo pitakonan loro iki:
  1. i.Ing wiwitaning pasinaon Basa Jawa, prayoga miwiti nganggo tataraning unggah-ungguh sing endi: ngoko, krama apa campuran ngoko-krama?
  2. ii.Kepriye prayogane ngatur sesambungan murid karo guru yen lagi latihan unggah-ungguh ana ing kelas?
Buku piwulang Basa Jawa kanggo siswa manca ngatonake pendekatan telung werna sing magepokan karo unggah-ungguh. Ing karangane Arps cs (2000) lan Quinn (2010), tembung ngoko diwulangake luwih dhisik, sadurunge tembung krama. Kosok-baline, ing karangane Harimurti (2001) lan Ras (1994), tembung krama didhisikake, dene ing bukune Horne (1961) lan Keeler (1984) ngoko lan krama diwulangake bebarengan.
Ngoko
Pendekatan telung werna iki nduweni dhasar dhewe-dhewe. Ana sing duwe panemu yen pamulanging tembung ngoko prayogane didhisikake amarga ngoko tataraning unggah-ungguh sing lumrah dhewe ing pasrawungan sadina-dina. Frekwensine tembung ngoko luwih dhuwur tinimbang frekwensine tembung krama. Sing lumrahe digunakake ana ing kalawarti Basa Jawa lan rubrik Basa Jawa ana ing koran iya tembung ngoko. Siswa manca sing nedya sinau Basa Jawa akeh-akehe wis tau sinau Basa Indonesia ing sadurunge. Kosakata dhasar Basa Indonesia ana sing padha utawa “tumpang-tindih” karo tembung-tembung ngoko Basa Jawa, mula transisi saka Basa Indonesia menyang Basa Jawa dadi luwih gampang yen tembung ngoko sing didhisikake.
Ana argumentasi kosokbalen yen pamulanging tembung ngoko prayoga disemayakake. Wong Jawa adate rikat banget anggone nglafalake tembung ngoko dene tembung krama adate luwih alon anggone ngucapake. Tembung ngoko akeh banget cacahe, kerep kecampuran idiom-idiom tur akeh variasine wiwit dialek Banten tekan Blambangan sing bisa njalari bingunge siswa-siswa. Kejaba saka kuwi, wong manca ing Tanah Jawa lumrahe dianggep “wong njaba”, tegese dudu wong Jawa sejati tur isih tamu ing tengah-tengah bebrayan Jawa, mula tembung ngoko kerasa kurang trep yen arep tetepungan. Malah wong Jawa – mligine sing wis sepuh yuswane – akeh sing mesthi rumangsa disepelekake yen diajak caturan karo wong saka panggonan adoh nganggo tembung ngoko.
Krama
Sing dienggo miwiti pacaturan karo dhayoh adate tembung krama (mligine ana ing wewengkon Jawa Tengah). Sarehne siswa manca adate dianggep “wong njaba”, mula anggone sinau Basa Jawa prayogane miwiti nganggo tembung krama awit tembung krama sing kudu digunakake luwih dhisik yen tepungan karo wong lokal.
Kejaba saka kuwi, tembung krama adate diucapake luwih rindhik lan luwih formal, mula luwih gampang dingerteni dening para siswa manca. Tembung krama iya kerep digunakake ana ing prastawa umum utawa ana ing upacara formal sing tujuwane cetha. Cacahing tembung krama ora sepiraa yen ditandhingake karo tembung ngoko, sarta racake tegesing tembung krama luwih jembar tinimbang tembung ngoko. Wong manca sing pinter kekandhan mawa unggah-ungguh sing bener tur rapi kerep entuk pangalem saka wong Jawa, lan pangalem iki nambah motivasi lan dadi pamecut sing nggancarake pasinaone. Kabeh iki njalari tataran krama krasa luwih gampang pasinaone ing jangkah wiwitan tinimbang tembung ngoko tumrap siswa manca.
Ewasemono ana uga faktor kosokbalen. Yen siswa manca mung nengenake tembung krama, bisa ngalangi olehe arep ngrembakakake pasrawungan karo wong Jawa, mligine karo para nom-noman. Sarehne tembung krama kerasa formal, mula arang-arang tinemu ana ing babagan tinamtu, upamane ana ing humor, ing pratelaning emosi kaya ta rasa tresna lan mbludaging kanepson. Tembung krama iya arang-arang tinemu minangka pengantar ing sastra gagrag anyar[2], arang-arang keprungu ing pacaturan karo bocah-bocah, lan ora tau digunakake ing pamikir utawa batine wong.
Ngoko Krama Bebarengan
Ana sing duwe panemu tembung ngoko lan tembung krama kudune disajekake bebarengan wiwit mula-bukane pasinaon Basa Jawa, sebab ing pasrawungan sadina-dina tembung ngoko lan krama tansah tinemu gegandhengan. Manut para ahli pamulanging basa manca (foreign language teaching), materi piwulang kudune sing realistik, sing kajupuk saka coraking basa sing kalumrah ing pasrawungan sadina-dina. Mula materi piwulanging Basa Jawa sing nyampur tembung ngoko karo krama luwih ngatonake jatining kahanan sosial, mula luwih trep tinimbang materi sing nyajekake tembung ngoko luwih dhisik (ora dibarengi krama), utawa sing nyajekake tembung krama luwih dhisik (tanpa iringan tembung ngoko).
Sing duwe panemu mangkono kuwi entuk panyaruwe saka guru-guru sing akeh pengalamane ing babagan pamulanging Basa Jawa marang wong manca. Manut para guru mau, yen tembung krama lan tembung ngoko diwulangake bebarengan, para siswa mesthi bingung. Tembung ngoko lan krama mesthi dicampur-adhuk sakepenake, tataran ngoko lan krama mesthi dibalik-balik. Yen si siswa luput ing bab unggah-ungguh mesthi diarani kasar utawa bodho, malah ora mokal yen diarani kegedhen rumangsa utawa kurang ajar.
Kejaba saka kuwi, unggah-ungguh Basa Jawa sajatine ruwed banget, ora mung dumadi saka tataran rong werna – ngoko lan krama. Wong Jawa, anggone padha cecaturan, wis kulina mlumpat-lumpat saka tataran ngoko menyang krama, saka krama menyang krama inggil, krama andhap, madya, ngoko andhap lan sapanunggalane. Upamane wae, wong tuwa sing ngomong karo bocah cilik mesthi nganggo tembung ngoko, dene si bocah anggone wangsulan nganggo tembung krama. Yen wong tuwa karo bocah mau padha rembugan bab priyayi liya sing pantes diajeni, loro-lorone kudu nganggo tembung krama inggil lan krama andhap sing pas tumrap piyayi liya mau. Miturut teori pamulanging basa manca (foreign language teaching theory), kahanan sing kompleks mau kudu dianalisis, komponene kudu dipilah-pilah banjur pamulanging komponen mau diurut supaya sing gampang lan frekwen didhisikake, dene sing luwih angel utawa sing arang njedhul diundurake dhisik. Cekake, kahanan lingguistik sing ruwed komponene aja dicampur-adhuk lan aja digebyah-uyah pamulange.
Tantangan pamulanging unggah-ungguh: dilema ana ing ruwang kelas
Ana profesi tinamtu kang tansah dipundhi-pundhi ing bebrayan Jawa. Yen wong Jawa lagi cecaturan, para praktisi profesi mau diajeni kanthi atur mawa tembung krama utawa krama inggil. Profesi perguruan klebu salah sijine profesi mau. Kaya mokal banget menawa murid ngaturi gurune mawa tembung ngoko. Upama ana sing tumindak mangkono kuwi mesthi diarani kasar, malah mbokmenawa diarani kurang ajar utawa nyepelekake gurune.
Kasunyatan iki ndadekake dilema ana ing ruwang kelas. Sanajan tembung ngoko kalumrah ana ing pasrawungan sadina-dina ing tengah-tengah bebrayan Jawa, ananging para murid ora oleh matur marang gurune nganggo tembung ngoko. Malah ing wayah latihan Basa Jawa iya angel si murid matur gurune nganggo tembung ngoko – sanajan lagi latihan nggunakake tembung ngoko – sebab mesthi nerak paugeran sosial sing kukuh banget.
Siswa manca sing lagi sinau Basa Jawa karo guru privat, ana sing nate crita marang aku yen kangelan anggone latihan guneman mawa tembung ngoko karo gurune priyayi Jawa. Gurune dadi rikuh lan risi – mangkono critane – sarta banjur golek dalan supaya bisa nyingkir saka olehe kudu nanggapi tembung ngoko kuwi. Ing sawijining kasus sing dicritakake marang aku, guru sing risi karo tembung ngoko sing diucapake muride wong manca sing enom (penutur asli Basa Inggris) malah dadi wegah guneman cara Jawa, sarta pindhah menyang Basa Indonesia sing sajake luwih “aman”. Panjenengane banjur mulangake tembung ngoko lumantar wacan, dudu omongan.
Miturut teori pamulanging basa manca, prayogane siswa enggal “turun ke jalan”, tegese enggal nyoba guneman langsung karo warga lokal sing pinuju ketemu ing sajabane ruwang kelas, sanajan kanthi mangkono anggone cecaturan mesthi akeh sing luput. Kanggo para siswa manca sing sinau Basa Jawa, yen kleru anggone nguwasani lafal utawa paramasastra Basa Jawa, adate kaluputane mau ora dadi masalah, malah dianggep lumrah dening bebrayan Jawa. Nanging kaluputan ing bab unggah-ungguh rada beda karo kaluputan liyane. Yen kleru anggone nganggo unggah-ungguh bisa njalari kagete wong utawa dadi risi, kisinan utawa lara ati.
Antropolog Amerika James Siegel malah tau gawe pepeling marang wong manca sing kepengin sinau Basa Jawa:
“Wong Sala ngeling-elingake wong manca bab anggone arep sinau Basa Jawa. Basa Jawa ora mung angel. Yen luput anggone celathu, kaluputan mau bisa ora mung sifat lingguistik, nanging uga sosial, amarga sok dianggep ngasorake wong sing diajak guneman. Mula yen ora pas anggone celathu, bisa nglarani atine wong, utawa malah njalari nesune wong sing diajak guneman.”[3]
Malah sok ana wong Jawa sing wegah ngomong Basa Jawa karo siswa manca, amarga wedi yen kisinan utawa digeguyu jalaran siswa manca mau kurang anggone nguwasani unggah-ungguh. Aku dhewe wis bola-bali nemu masalah iki, prasasat “dijothak” amarga sing tak-ajak ngomong Basa Jawa sajake judheg, mbokmenawa kapatrapan tembung unggah-ungguh sing kleru, mula ngecakake sing kena diarani “tindak singkir” (avoidance strategy) kanthi mlayu menyang Basa Indonesia, tinimbang kisinan ngomong Basa Jawa karo wong manca sing kurang nJawani olehe ngomong.

3. Basa Indonesia ing tengah-tengah alam kabudayan Jawa

Wis kepara nyata menawa basa nasional Republik Indonesia – Bahasa Indonesia – gedhe banget perbawane ing sakabehing laladan kabudayan Jawa. Anane Basa Indonesia dadi masalah tumrap para siswa manca sing sinau Basa Jawa. Masalah mau rong werna: anane tembung silihan saka Basa Indonesia, lan sifat bilingguale bebrayan Jawa.
Tembung silihan
Akeh banget tembung silihan saka Basa Indonesia sing saiki dikulinakake ing pasrawungan sadina-dina mawa Basa Jawa. Ing antarane tembung-tembung mau, ana sing ngalahake tembung “asli” Jawa, mligine ana ing babagan administrasi lan pangreh praja, bisnis tuwin teknologi. Upamane, ing babagan transportasi tembung Basa Indonesia saya kerep njedhul saha digunakake ing diskursus Basa Jawa.

Basa Jawa “asli”
Tembung silihan saka Basa Indonesia sing saya kerep keprungu ing pacelathon Basa Jawa
montor
mobil
sepur
kereta api
pit
sepedhah
montor mabur
pesawat terbang
tetumpakan / titihan
kendaraan
baita
kapal

Kasunyatan iki dadi tantangan kanggo guru Basa Jawa lan siswane saka manca nagara. Prayogane kepriye: milih tembung asli Basa Jawa sing saiki wis wiwit kesingkir, apa milih tembung sing dudu Basa Jawa tulen, nanging saya kerep dienggo ana ing pacaturan sadina-dina? Pilihan sing ping pindho mau rada ndrawasi tumrap para siswa manca mau, sebab ngandhut godha, yen lagi guneman cara Jawa lan gojag-gajeg anggone milih tembung sing krasa trep, si siswa mesthi mikir “gunakna tembung Bahasa Indonesia wae, sebab wong Jawa mesthi padha ngerti, lan Basa Jawane wong Jawa rak iya akeh kecampuran tembung-tembung Bahasa Indonesia.”
Kejaba saka kuwi, Basa Indonesia uga krasa perbawane ing babagan unggah-ungguh Basa Jawa. Ana sawatara tembung Basa Jawa sing maune diarani tembung krama nanging saiki “mudhun” dadi ngoko jalaran saka perbawane tembung Basa Indonesia. Tembung-tembung Basa Indonesia ana sing wujude padha karo tembung krama ing Basa Jawa nanging ing Basa Indonesia digunakake ing pacelathon sadina-dina kaya tembung “ngoko”, mula Basa Jawa iya katut niru-niru Basa Indonesia, saengga tembung-tembung kuwi iya melu dadi tembung ngoko yen digunakake ing Basa Jawa.
Ngoko lawas
Tembung “ngoko anyar” sing maune krama ning saya kerep dadi tembung ngoko
mbok
Ibu
gedhang
Pisang
pitik
Ayam
ngalih
Pindhah
lara
Sakit
dhayoh / merdhayoh
tamu / mertamu
layang
surat (krama asli serat)

Tumrap para siswa manca unggah-ungguh wis krasa angel banget. Temtu wae unggah-ungguh dadi luwih angel maneh bareng kena perbawane Bahasa Indonesia kaya sing disebutake ing ndhuwur.
Bilingualisme
Nalika Indonesia ngrebut kamardikan meh 70 taun kepungkur, bebrayan Jawa mayoritas ora bisa Basa Indonesia. Saiki kahanan lingguistik ing Tanah Jawa wis mbalik grembyang. Bebrayan etnis Jawa meh 100% wis dadi bilinggual. Basa Indonesia nduweni status dhuwur, mligine ana ing tlatah pakuthan, nganti Basa Jawa kedhesek utawa malah kesingkir ing babagan-babagan tinamtu. Ing jaman samengko, wong Jawa nduweni pilihan ing bab basa: kena milih Basa Jawa, kena uga milih Basa Indonesia. Nanging nyatane basa loro kuwi ora timbang. Upamane, ing administrasi lan pendidikan Basa Indonesia wis dominan. Malah ing jagading sastra Jawa, sing dienggo ngrembug sastra Jawa lumrahe Basa Indonesia. Kritik sastra nganggo basa Jawa pancen ana, nanging isih rada arang, lan sok krasa aneh. Malah nalika Kongres Basa Jawa kapisan taun 1991, ana piwara saka panitia, sing dadi pengantar ana ing diskusi lan pasamuwan kongres mung basa nasional, Bahasa Indonesia.
Kanggo siswa manca sing kepengin komunikasi karo wong Jawa ana wahana komunikasi sing wis cumawis tur gampang pasinaone: Basa Indonesia. Semono uga wong Jawa, anggone arep komunikasi karo wong manca temtu bakal milih dalan amba lan beraspal, Basa Indonesia (utawa malah Basa Inggris). Anane Basa Indonesia sing dhuwur statuse tur kuwat perbawane ing tengah-tengah bebrayan Jawa nyudani banget insentif sinau lan ngomong Basa Jawa, ora mung kanggo siswa manca nanging uga kanggo wong Jawa sing ketemu lan arep kekandhan karo siswa manca mau.
Tundhone Basa Jawa dadi rada “kepencil” lan saya tambah eksotik. Basa Indonesia prasasat duwe fungsi kaya cepuri sing nutupi Basa Jawa. Cepuri mau kudu dirubuhake utawa dibolongi dhisik sadurunge Basa Jawa bisa diakses. Racake para siswa manca duwe sifat pragmatis, ora bakal milih dalan rumpil yen dalan licin wis gumelar ing sangarepe. Mula para guru Basa Jawa ngadhepi tantangan, kepriye carane amrih Basa Jawa bisa nandhingi Basa Indonesia ing bab daya tarik.
Cekake, anane Basa Indonesia ing jagade Basa Jawa ora bisa diselaki, mula dadi masalah kanggone siswa lan guru Basa Jawa. Kasunyatan iki apa perlu mlebu etungan? ...apa prayogane dienengake wae?

4. Panutuping atur: pasinaon Basa Jawa samengko lan ing tembe buri

Pamulanging Basa Jawa marang wong manca ngatonake masalah werna-werna, mligine masalah rong werna kaya sing digariskake ing ndhuwur. Nanging, kejaba saka masalah iki, ana masalah sing luwih gedhe maneh, yaiku sudane pamulanging Basa Jawa ing nagara-nagara manca. Kaya dene pamulanging Basa Indonesia, pamulanging Basa Jawa ing manca nagara iya wis mengkered akeh banget, malah wis meh ilang. Ing Australia, Basa Jawa nate dadi mata kuliah populer ana ing Universitas Sydney, Universitas Monash sarta Universitas Nasional Australia (Canberra). Saiki kari Universitas Nasional sing isih nawani Basa Jawa. Ing kana iya kahanane wis nyenin-kemis. Mata kuliah Basa Jawa sing maune diwenehake saben taun sajeroning rong semester, saiki lagi ditawakake saben rong taun sepisan sajerone sak-semester wae. Cacahing mahasiswa sing duwe minat marang pasinaoning Basa Jawa isih lumayan akehe (nalika semester 1 taun 2010 kepungkur ana mahasiswa 18 sing njupuk Basa Jawa) nanging wragad sing dicepakake kanggo nyengkuyung pamulanging basa-basa “cilik” (small enrolment languages) saya suwe saya suda.
Nganti saiki Basa Jawa isih klebu salah sijine basa Asia Kidul-Wetan sing ditawakake sajerone program Southeast Asian Summer Studies Institute ana ing Amerika Serikat. Nanging wiwit 10 taun kepungkur cacahing mahasiswa sing milih Basa Jawa durung tau cukup kanggo nganakake kursus mau.
Basa Jawa iya ditawakake kanggo wadya militer ana ing Pusat Bahasa Asing sajerone Institut Bahasa Departemen Pertahanan Amerika Serikat (Defense Language Institute Foreign Language Center, US Army Training and Doctrine Command) tuwin ana ing Sekolah Bahasa Angkatan Bersenjata Australia (Australian Defence Force School of Languages) nanging ora terang pasinaon Basa Jawa iki sipate kaya apa lan cacahing siswane pira.
Ing Nagara Walanda, sing nate dadi pusering studi Jawa sadonya, Basa Jawa wis ora diwulangake maneh, mangkono uga ana ing Malaysia, Jepang lan Cina. Kabeh program pamulanging Basa Jawa Kuno – sing nate cukup subur ana ing Australia lan Nagara Walanda – saiki wis ilang muspra. Cekake, kejaba ana ing Universitas Nasional Australia sarta ana ing sawatara pusat pelatihan militer, sajake Basa Jawa wis ora diwulangake maneh ing sajabane Indonesia.
Sokur, program pamulanging Basa Jawa kanggo siswa manca ana sing isih tetep mlaku ana ing Indonesia, sanajan jangkahe iya rada keplesed-plesed. Upamane ana mata kuliah Javanese for Beginners sing klebu salah sijine mata kuliah khusus kanggo mahasiswa manca sing disedhiyakake ana ing Universitas Gadjah Mada, Ngayogyakarta. Ing Wisma Bahasa – sekolah swasta ing Ngayogyakarta – iya ana kursus Basa Jawa kanggo siswa manca, malah nganggo diktat piwulang Basa Jawa patang jilid sing disusun dhewe tur apik mutune.
Ing wektu samengko program-program pamulanging Basa Jawa kanggo siswa manca lagi mingklik-mingklik antarane urip lan mati. Kahanan sing ndrawasi iki lagi bisa ditandangi yen para guru, pegiat lan sutresna basa tuwin sastra Jawa – ing Indonesia apa dene ana ing manca nagara – luwih raket anggone padha gotong-royong ngajokake pasinaon Basa Jawa. Kanggo nemtokake wujuding gotong-royong mau perlu ana rembug sing nyakup sesambungan organisatoris, program pasinaon tuwin pasedhiyaning materi piwulang. Kongres Basa Jawa kaping-5 iki dadi ajang wigati kanggo ada-ada amrih budidaya ing bab iki bisaa kawiwitan.


Ing sesrawungan masarakat Jawa saiki basa sing asring digunakake yaiku basa Ngoko lan Krama. Basa Ngoko kapilah dadi loro, yaiku basa Ngoko Lugu lan basa Ngoko Alus. Dene basa Krama kapilah dadi loro uga, yaiku basa Krama Lumrah lan basa Krama Alus.
Basa Ngoko adate dianggo wawan rembug utawa omong-omong dening wong sing wis padha tepung apik, akrab, ora ana jarak, lan nduweni derajat imbang. Dene basa Krama adate dianggo wawan rembug utawa pacelathon dening wong sing durung tepung akrab lan derajate beda utawa sok ana jarak lan kanggo luwih ngajeni wong liya.
Ing ngisor iki arep dakaturake tuladha-tuladha ukara ing basa Jawa. Tuladha-tuladha mau awujud ukara ing basa Ngoko Lugu, basa Ngoko Alus, basa Krama Lumrah, lan basa Krama Alus.

Tuladha ing basa Ngoko Lugu
Pawicantenanipun Hasan kaliyan Nurdin, kekalihipun kanca akrabipun Pak Ali ing dhusun.
Hasan
Kaya Pak Ali mau lunga menyang apotik, bokmanawa kowe weruh duwe perlu apa?"
Nurdin
Pak Ali tuku obat resep dhokter, jarene dhek wingi calon bojone lara."
Katrangan: Kekalihipun ngginakaken tembung-tembung ngoko, amargi ingkang dipunngendikaken kanca raketipun.
Tuladha ing basa Ngoko-Alus
Pawicantenanipun Bu Srini kaliyan Pak Tana, kalih-kalihipun kanca guru SD.
Bu Srini
Kaya Pak Ali mau tindak menyang apotik, bokmanawa panjenengan priksa kagungan perlu apa?"
Pak Tana
Pak Ali mundhut obat resep dhokter, ngandikane dhek wingi calon garwane gerah".
Katrangan: sawatawis tembung-tembung ngoko dipungantos tembung krama inggil. Menawi tembung ngokonipun wonten ater-ater (di-) utawi panambang (e/ne-), boten ewah dados (dipun) lan (ipun/nipun). Tuladha: bojone ? garwane.
lunga -> tindak
kowe -> panjenengan
tuku -> mundhut
jarene -> ngandikane
weruh -> priksa
duwe -> kagungan
bojone -> garwane
lara -> gerah
Tuladha ing basa Krama (Lumrah)
Pawicantenanipun Mbok Radem tangganipun Pak Ali kaliyan Pak Atma tukang kebon sekolahan.
Mbok Radem
Kados Pak Ali wau kesah dhateng apotik, bokmanawi sampeyan sumerep gadhah perlu menapa?"
Pak Atma
Pak Ali tumbas obat resep dhokter, criyosipun kala wingi calon semahipun sakit."
Katrangan: sawatawis tembung-tembung ngoko dipungantos tembung krama. Menawi tembung ngokonipun wonten ater-ater (di-) utawi panambang (e/ne-), ewah dados (dipun-) lan (ipun/nipun-). Tuladha: jarene ? criyosipun.
kaya -> kados
mau -> wau
lunga -> kesah
menyang -> dhateng
bokmanawa -> bokmanawi
kowe -> sampeyan
weruh -> sumerep
duwe -> gadhah
apa -> menapa
tuku -> tumbas
jarene -> criyosipun
dhek -> kala
bojone -> semahipun
lara -> sakit
Tuladha ing basa Krama-Alus
Pawicantenanipun Bu Tini Kepala Sekolah (taksih radi enem) kaliyan Pak Marta guru (sampun sepuh).
Bu Tini
"Kados Pak Ali wau tindak dhateng apotik, bokmanawi panjenengan priksa kagungan perlu menapa?"
Pak Marta
Pak Ali mundhut obat resep dhokter, ngandikanipun kala wingi calon garwanipun gerah."
Katrangan: sawatawis tembung-tembung krama dipungantos tembung krama inggil. Ing tembung krama dados krama inggil, ater-ater (dipun-) utawi panambang (ipun/nipun-), boten ewah. Tuladha: criyosipun ? ngandikanipun.
kesah -> tindak
sampeyan -> panjenengan
sumerep -> priksa
gadhah -> kagungan
tumbas -> mundhut
criyosipun -> ngandikanipun
semahipun -> garwanipun
sakit -> gerah