Cerkak


Lasirin Dhagelan Kethoprak
Dening: Masdjup (Ki Dhalang Sulang)
Paitane Lasirin ora liya ya mung saka rupane sing kawit biyen mula wis katon lucu. Upama dheweke munggah panggung tanpa lorengan ngono para penonton wis mesthi ngguyu kepingkel-pingkel, kepuyuh-puyuh, malah sok nganti kepentut-pentut. Mula saben rombongan kethoprake entuk tanggapan, Lasirin ora nate keri, mesthi melu munggah pangung. Ndhagel. Banjur para penonton padha iwut nguncali wungkusan-wungkusan wujud apa wae. Rokok, jajanan, malah ora kurang sing padha nguncali amplopan isi dhuwit kanggo saweran. Minangka ijole, Lasirin banjur nembang lelagon sing dipesen penonton lumantar tulisan ing dluwang sasuwek sing dikatutake njero wungkusan lan amplopan mau.
Anggone nembang mesthi dikantheni njoged pethakilan sing katon unik lan nganyelake. Yen Lasirin wis tumandang ngono kuwi, penonton saya kranjingan lan gemes banget. Kena-kenoa, Lasirin diangkah supaya terus tetembangan lan jejogedan sewengi natas. Wis ben, ora nganggo lakon-lakonan ya ora apa-apa paribasane.
“Eeeee….. karepe dhewe. Sing ditanggap iki ora mung dhagelan thok lho lur, nanging kethoprak komplit. Nek pengin nanggap khusus dhagelan Lasirin ya sesuk wae. Nanging ya kudu mbayar dhewe lho gus, yu, le, nang, he he he he he….” ngono wangsulane Lasirin karo plerak-plerok nggregetake, nalikane penonton padha alok supaya dheweke terus wae anggone ndhagel. Krungu wangsulane Lasirin ngono mau, para penonton malah nanggapi pating blerok sing ora jelas basane, nanging wose padha marem banget atine.
Cekake, Lasirin pancen wis dadi dhuweke masyarakat pandhemen kethoprak ing wewengkon kono. Jenenge saya moncer. Malah-malah amarga saking moncere, wong-wong padha luwih gampang nyebut kanthi jeneng “Kethoprak Lasirin”, katimbang nyebut jeneng resmi rombongane: Sandiwara Kethoprak Mangun Budaya”. Lasirin kaya-kaya minangka suksmane rombongan kuwi. Tanpa Lasirin wis kena dipesthekake yen Mangun Budaya ora bakal payu tanggapan. Bola-bali wis klakon yen rombongan kethoprak kuwi pinuju pentas nanging tanpa Lasirin, sing nanggap lan penontone pisan mesthi kuciwa.
“Nonton kethoprak Mangun Budaya nek gak ana Lasirin padha karo ora! Mulih mulih!” ngono aloke penonton, banjur katon siji baka siji padha bali kanthi nggawa ganjelan kuciwa ing ati. Sing nonton dadi sepi. Sing nanggap uga melu gela. Mula ora kurang sing banjur padha mangkas bayaran tanggapane, sanadyan dikantheni bengkerengan adu gurung karo pimpinan rombongan kethoprak luwih dhisik.
Ing wektu-wektu iki pancen Lasirin kerep lowok ora melu manggung. Dene sabab musababe ora liya marga dheweke wis katon lara-laranen dipangan taun. Umure pancen wis ngancik eketan munggah. Upama ora krana wis dadi sandhang pangane wiwit enom hengga seprene mono, janjane dheweke wis wegah banget munggah panggung. Apa maneh isih kudu ngonthel sepeda tumuju menyang lokasi pentase. Banjur isih kudu nebar panglipur marang para penontone, sing kepengine mung kudu kepranan atine awit saka geculane, tetembangane, lan solah tingkahe Lasirin ing panggung. Huh! Kesel! Dheweke pancen kesel tenan. Kesel ragane, kesel pikirane, lan uga kesel jiwane. Karo maneh yen dheweke tetep ngaya lan nekad penthalitan kuwi arep nggolekake sapa? Lha wong ya ora anak ora bojo wae!
Kasunyatane dheweke pancen wis ora duwe kulawarga babar blas. Sadurunge manggon ing desane sing saiki kuwi, dheweke ora nate ngandhaake asal usule. Bebasan  dheweke kuwi tanpa dhangka tanpa sengkan, wong kleyang kabur kanginan, akandhang langit akemul mega. Mung wae ana sing nate krungu riwayat asmarandanane. Jare biyen dheweke ya duwe pengankah kaya wong wong akeh kae, yakuwi kepengin mangun bale somah karo sawijining kenya nunggal kampunge. Nanging bebasan dheweke mung keplok tangan sisih. Kenya sing dituju prana kuwi babar pisan ora nimbange katresnane. Ya ora jeneng mokal yen ana prawan sing nolak katresnane. Bandha ora gableg. Apa maneh rupa, paribasane mbuwak mbuntel. Jan ala tenan. Ora ana baguse sithik-sithika.
Wusana dheweke minggat saparan-paran. Nganti tumeka sawijining desa sing nduwe rombongan kesenian kethoprak Mangun Budaya kuwi. Nalika samana sing dadi tetuwanggane Kethoprak Mangun Budaya ora liya Mbah Mangun, bapake Pak Bandi, ketua rombongan sing saiki. Dheweke nekad nglamar dadi anggota rombongan kuwi. Mbah Mangun  gelem nampa panglamare Lasirin, nanging dhapukan sing lowong mung minangka pendhagel. Sanadyan durung nate nglakoni dadi seniman kethoprak, luwih-luwih dadi dhagelan, Lasirin nekad nyaguhi.
Mbok menawa jalaran rupa gawan bayine sing katon ala lan lucu kuwi, sithik baka sithik Lasirin bisa mersudi kabisane ing babagan gecul-geculan. Ndilalah penonton padha nampa kathi senenge ati.Wusana dheweke klakon dadi bintang panggung. Mung wae sajake atine wis kadhung sengkleh ing bab donyane katresnan. Tekade arep mbujang selawase. Uripe mung bakal diudhokake kanggo wong akeh. Aweh panglipur marang sapa wae lumantar ndhagele ing panggung, yen perlu hengga puput nyawane.
Nanging dheweke lali yen kahanan ragane wis ora kena diajak kompromi. Penyakit tuwane arupa loyo lan watuk mengi saya ngrembaka. Mula dheweke banjur kepeksa prei ora kuwagang munggah panggung maneh. Rombongan Kethoprak Mangun Budaya klakon kelangan bintange, sahengga saya surut pamore. Suwene-suwe ora payu tanggapan babar pisan. Pak Bandi minangka jejere ketua rombongan kaya-kaya kentekan akal kanggo nguripake suksmane rombongan kethoprake. Dheweke ngerti banget underan perkarane, gene kethoprake dadi mati? Ora ana liya mung kajaba Dhagelan Lasirin sing klakon pensiun kuwi.
“Apa Pakdhe Lasirin kudu tak peksa munggah panggung maneh ya? Ah! Sajake nglengkara. Njur kepriye caraku kanggo mbalekake nyawane Mangun Budaya? Wis tak jajal golek gantine Pakdhe Lasirin kanggo dhapukan dhagelan, si Marno Singkek kuwi, nyatane ora kepangan dening para penanggap lan pandhemen. Dhuh Gusti, dalem nyuwun kali damar Gusti…… mesakaken lare-lare  sami kecalan sandhang patedhanipun, Gusti…” ngono pisambate Pak Bandi ing batin, wola-wali meh saben wengi, sangsaya ketara pupus panalare.
Sidane dheweke nekad nyoba ngglembuk marang Lasirin. Embuh carane, sing baku Lasirin kudu gelem bali munggah panggung. Ora ana dalan liya maneh. Ya mung iki siji-sijine syarat-sarengat amrih pakumpulan kethoprak Mangun Budaya bali moncer. Mula ing sawijining sore dheweke klakon nyambangi Lasirin ing omahe. Omah cilik balungan  lan gedheg pring sing saya dhoyong sajak arep rubuh. Sadurune mlebu ing omah sing luwih pas disebut gubug kuwi, Pak Bandi unjal ambegan. Landhung banget. Embuh apa tegese unjal ambegane kuwi.
“Sampeyan apa gak mesakake marang kanca-kanca ta, Pak Dhe?  Yen ora ana sing nanggap, anak bojone njur dha dipakani apa coba! Kamangka yen arep padha nyambut gawe liyane ngethoprak, sajake wis padha lali carane. Macul wis dha wegah, mbakul gak dha gableg modhal. Yen pengin dadi pegawe, njur kantor ngendi sing gelem nampa wong mbambungan kaya kanca-kancane dhewe iki? Mula ya, Pak Dhe, aku welasana. Wis ta, sampeyan njaluk apa lan bayaran pira anggere gelem bali manggung maneh!” pangrimuke Pak Bandi marang Lasirin sawise kekarone lungguh lincak pring njero omah kuwi. Sing dirimuk durung kumecap. Mripate kethap-kethip nyawang menjaba, karo sedhela-sedhela watuk menggeh-menggeh.  Ing batine dumadakan tuwuh perang tandhing swara loro saka njero sing padha sorane. Sing siji kepengin ngeman  awak, sijine maneh kudu nglabuhi kanca-kancane. Lasirin gedheg-gedheg. Banjur nggigil maneh.
“Sampeyan… rak ngerti dhewe ta, Lik, awakku… wis gapuk kaya ngene…. Apa ya … isih kuwawa… mbadhut?” wangsulane Lasirin karo menggeh-menggeh ngampet mengine.
“Bisa! Aku yakin sampeyan bisa ngayahi kaya wingi uni. Sampeyan nyimpen kabisan sing ngedab-edabi ing babagan gecul-geculan. Marno Singkek, Nardi Meler, apa dene Jaeman Klithik gak paja-paja yen ditandhing karo sampeyan.  Tenan iki, Pak Dhe! Dene bab penyakite sampeyan mengko bakal tak tambakake nyang  dokter nganti saras.  Piye Pak Dhe?” pandheseke Pak Bandi.
Lasirin unjal ambegan nyendhat-nyendhat. Pak Bandi disawang satleraman. Banjur panyawange dibuwang metu adoh maneh. Sepi. Kekarone dadi meneng-menengan. Sajake padha kentir marang arusing lamunane dhewe-dhewe. Mung kala-kala ajeg sineling gigil watuk saka pendhagel tuwa kuwi. Tangane Pak Bandi kumlebat mijeti pundak lan gulune Lasirin. Nganti sawetara wektu, hengga rada lerem watuke Lasirin. Embuh lerem temenan apa pancen diampet. Pak Bandi tetep sabar  angranti wangsulan saka wong tuwek elek nanging sing tansah dadi klangenane wong akeh iki.
“Ya wis….. nek pancen…. aku isih dibutuhake kanca-kanca…. lan uga…. para warga kabeh…. mengko tak cobane…..ning ana sarate….”, wangsulane Lasirin sawise nimbang-nimbang sawetara. Sidane dheweke nibakake pilihan kanggo kapetingane wong akeh. Dheweke ora tega marang nasibe kanca-kancane yen nganti padha kaliren krana wis ora payu tanggapan. Yen pancen ngono tenan, dheweke malah rumangsa dosa marang kanca-kancane ngethoprak kabeh.”Luwih becik sisa umur iki tak anggo aweh pitulung marang bala-bala mbabungan kae”, ngono dheweke mbatin kanggo nguwatake tekade.
“Sarate apa, Pak Dhe?” panyaute Pak Bandi karo wiwit katon padhang raine.
“Pisan…. aku gelem bali manggung…. yen wis waras…. lan ora nggigil maneh…. Dene angka loro…. saben ana tanggapan… aku kudu diparani…. lan dibocengake…. nganti tekan panggonane sing nanggap…ya mung kuwi sarate….”.
“Beres, Pak Dhe! Tak sanggupi. Wis saiki sampeyan ndang salin klambi. Ayo saiki uga tak gawa nyang dokteran!”
Ing wektu kuwi uga Lasirin klakon diobatake menyang dokter ing kutha sing ora patiya adoh saka desane. Seminggu sepisan Pak Bandi nlateni ngeterake Lasirin menyang dokter kuwi mau. Ganep patang minggu sajake Lasirin wis katon sehat. Mung wae dokter pesen yen Lasirin kudu gelem njaga awak lan mangane.. Ora kena melek bengi, lan ora kena ulah gawe sing abot-abot. Nanging Lasirin mbatin yen ora bakal bisa nuruti nasekate dokter iki. Yen dheweke klakon waras lan kudu mangkat manggung maneh, mesthine kudu melek bengi, penthalitan, lan pethakilan ing ndhuwur panggung, sing abote ora kalah yen ditandhing karo wong nggoluk ing sawah apa dadi manol kae.
Lasirin bali manggung. Rombongan kethoprak Mangun Budaya bali ngrembuyung. Laris manis. Lasirin saya ngedan anggone dhapuk dhagelan. Wis gilig tekade kanggo ngabdekake sisa umure. Ya mung krana ndhagel iki modhale kanggo lelabuh marang sapada-padane urip. Bisa nglancarake dalan pangane kanca-kancane.. Uga bisa aweh panglipur marang sagunging warga sakiwa-tengene. Dheweke krasa mongkok lan marem banget  atine. Bebasan kaya dene nyandhung kembang cempaka sawakul-wakul gedhene.
Kosok balen karo Pak Bandi. Sanadyan Mangun Budaya bali gumregah, nanging dheweke malah miris nyawang polah tingkahe Lasirin sing sajak kebablasen semangate. Yen nganti ana apa-apane Lasirin, dheweke sing rumangsa paling luput, jalaran ya dheweke sing ngojok-ojoki Lasirin supaya gelem manggung maneh.. Mula dheweke banjur mbudidaya supaya Lasirin bisa rada direm semangate sing tuwuh makantar-kantar kuwi. Carane, kala-kala Lasirim ora dikabari yen pinuju entuk tanggapan ngedhur tanpa leren. Sanadyan ta nggawa resiko gawe kuciwane wong sing nonton apa dene sing nanggap, kalamun kepeksa pentas kethoprakan tanpa Dhagelan Lasirin.
Ngepasi dina pengetan ari kamardikan  pitulas Agustusan ing kutha kecamatane, Kethoprak Mangun Budaya ditanggap. Amarga ing wewengkone dhewe tur kanggo pengetan ari kamardikan, mula Pak Bandi sarombongan ora mathok rega tanggapan kaya adate. Wis padha diniyati setengah sambatan. Mula Lasirin uga ora dijawil. Luwih-luwih sedina sadurunge, nalika Pak Bandi tilik menyang omahe Lasirin, sing ditiliki katon gumlethak lara. Pak Bandi saya mantep yen pentas ing kutha kecamatane ora perlu nganggo dhagelan Lasirin. Sanadyan penontone mengko bakal padha kuciwa ya ora dadi apa. Sing baku Lasirin kala-kala bisa ngaso sawetara. Marga ora dikabari mula ing bengi pentas kuwi Lasirin ora teka temenan.
Tabuh sanga bengi pentas diwiwiti. Nalika tiba giliran ekstra geculan sawise jejeran kedhatonan, sing didhapuk minangka dhagelan ora liya Damin sing adate dadi pasangane Lasirin. Bengi kuwi kepeksa dipasangi Pak Bandi dhewe. Kekarone padha mbudidaya gawe geculan lan jejogedan kanggo aweh panglipur marang penonton. Sing dikuwatirake Pak Bandi klakon temenan. Penonton padha kuciwa bareng diwenehi ngerti yen bengi kuwi Lasirin ora bisa aweh panglipur amarga lagi nandhang lara. Penonton ora bisa nampa alesan kuwi. Salah siji ana sing mbalangake gelas wadhah aqua menyang panggung. Banjur liyane padha kepancing niru, nyawatake apa wae sakecekele marang Pak Bandi lan Damin. Swasana dadi rame semrawut. Para punggawa Hansip padha nyoba melu nentremake penonton, nanging wis ora digubris babar pisan. Kabeh-kabeh padha nuntut supaya Lasirin bisa ditekakake ing bengi kuwi uga.
Keber ngarep dikerek mundhun. Pak Bandi lan Damin mudhun saka panggung bali menyang kombongan. Penonton ora mendha pangamuke malah saya ndadra. Bareng keber ngarep ditutup, para penonton padha genti ngrangsang para pengrawite.. Mula para penabuh gamelan nuli padha buyar mlayu ngadohi panggung.
“Merdekaaaa!….merdekaaaaa!..
..merdekaaaaa!” dumadakan ana swara saka tengah-tengahe penonton sing lagi padha ngamuk kuwi. Kabeh nuli katon mlengaki asaling swara. Ing tengah-tengahe penonton ana sawijining pawongan sing nganggo klambi kimplongan werna putih. Sirahe nganggo udheng abang putih saka dhuk Pramuka. Salah sijining penonton ana sing alok ngundang jenenge Lasirin. Pancen bener. Pawongan sing nganggo sandangan putih-putih lan nganggo udheng merah putih kuwi ora liya pancen Lasirin temenan.
“Hidup Lasirin! Hidup Lasirin! Hidup Lasirin” ngono sorake penonton kaya ambata rubuh. Lasirin kanthi trengginas munggah panggung sing kebere isih  durung dikerek munggah.
“Merdekaaaa!” aloke Lasirin karo ngepelake tangan tengene.
“Merdekaaaa!” kabeh penonton padha nyaut kanthi serempak, uga karo ngangkat tangane.
Keber bali dibukak. Lasirin klakon ndhagel, dikancani Pak Bandi lan Damin. Swasana malik grembyang. Penonton padha lega atine. Banjur kaya adate akeh sing padha nguncalake wungkusan isi rokok, lan amplopan kanggo nyawer. Siji baka siji layang pesenan lelagon saka penonton dileksanani. Penonton saya kranjingan. Jumbuh marang solah tingkahe Lasirin sing saya ngedan. Kaya dudu sabaene. Pak Bandi lan Damin wiwit kuwatir marang polahe Lasirin kanggo nglanggati panjaluke para penonton. Pak Bandi nyoba aweh sasmita marang Lasirin supaya anggone ndhagel dilereni luwih dhisik. Mengko yen wanci tengah wengi bisa ditutugake maneh. Nanging Lasirin ethok-ethok ora ngerti sasmita saka Pak Bandi. Terus lan terus anggone nglucu, nglawak, ndhagel, nembang, sinambi jogedan pethakilan.  Ing bengi iki ngepasi pengetan ari kamardikan, kaya-kaya dheweke kepengin ngesok glogok kabeh  kabisane kanggo aweh panglipur marang kabeh warga masyarakat.
Lan……meh kabeh padha njerit nalika Lasirin klakon nggeblag ing ndhuwur panggung. Pak Bandi lan Damin padha gugup mrepegi Lasiran sing tiba mlumah ora obah ora onthek kuwi. Kekarone banjur katon ngoyog-oyog awake Lasirin. Nanging Lasirin tetep ora kemruget babar pisan. Para paraga Mangun Budaya liyane uga banjur melu ngrubung Lasirin. Kabeh kepengin nyumurupi kahanane Lasirin sing sabenere. Nanging sajake pancen wis tiba marang pepesthene. Lasirin tumekeng pati nalika lagi ngayahi jejibahan sing wis diyakini. Apa ya dheweke wenang sinebut minangka sawijining pahlawan? Sing cetha dheweke ora bakal dikubur ing Taman Makam Pahlawan ngendi wae. Banjur nganti ganep pirang ndina jenenge Lasirin bakal dieling-eling dening para warga?  Kabeh ora padha ngerti, kajaba amung Gusti Kang Maha Suci.***
Tamat



Kenthong Titir

”Thong ... thong... thong ”

Swara kenthong titir sing maune alon-alon sansaya suwe sansaya cetha keprungu ing kupingku kiwa lan tengen.

Ananging aku ora enggal-enggal alihan saka lincak papan sing taknggo turon, mripatku isih kelet lan angel dilekke. Amarga mau be-ngi aku lek-lekan karo Kang Kusni, Kang Narto, Kang Dimyati lan Kang Taryo nganti jam 02.30 WIB, jalaran kejatah ronda.
Sejatine kenthong titir mau aweh pituduh bakal ana bebaya. Dumadakan aku banjur mlumpat bradat mlayu metu ngomah bareng ana swara kenthong titir maneh sing dibarengi swara bengok-bengok lan tangis njaluk tulung.
”Tulung...tulung... tulung, ana prahara lindhu gedhe,” mengkono swarane wong-wong padha bingung ing sakjabane omah. Swasana esuk ing desaku sing maune adhem ayem sakkal dadi gembyeng. Tujune aku enggal-enggal metu menyang njaban omah, yen ora aku mesthi bakal kebrukan omah.
Aku dheleg-dheleg ing ngisor wit talok sing ana ing mburi omahku. Aku isih durung percaya yen bar wae ana prahara lindhu gedhe. Atiku isih setengah percaya setengah ora. ”Apa bener iki ana lindhu gedhe kang nrajang desaku ?” pitakonku ing batin. Meh kaya ngimpi, mripatku takucek. Aku mbanjur nyawang omahku sing wis rata karo lemah. Tembok, blandar, usuk, lan gendheng padha mosak-masik sakwalang-walang.
Semono uga omahe tangga-tanggaku ing kiwa tengenku, uga rata karo lemah. ” Mar... Mar ...Marni ... Marni ... Aji ... Aji ?!” Sakkal aku mbengok banter banget nggoleki sisihanku sing takningkahi 14 taun kepungkur lan nggoleki Aji, anakku lanang sing umur 12 taun. Aku adus kringet. Awakku ndredheg lan bingung. Aku mung bisa mbengok karo nangis kejer. Tangisku ora bisa tak ampet. Aku dhewe ora bisa tumandang apa-apa. Kajaba mung nyawang omahku sing ambruk, ngebruki Marni karo Aji.
Dina iku dina sing apes sing ora bakal taklalekake. Dina apes sing gawe atiku remuk sakwalang-walang. Marni sisihanku sing daktresnani lan Aji anakku lanang sing takgadhang-gadhang bisa nyuwargakke aku lan Marni tiwas kanti ora sakmesthine.
Tiwas ing sakngisore omahku sing ambruk. Tiwas kanthi nrenyuhake jalaran prahara lindhu gedhe. Kaya-kaya aku durung bisa nampa pacobane Gusti sing dakrasak-ake abot banget.
”Aku wong sing ora nduwe apa-apa, kok diparingi pacoban kaya ngene iki ? ” aku nggresah dhewe karo ngelap luh sing dleweran saka mripatku. Kanyatan sing takadhepi dadi krasa luwih entheng nalika ana sisik melik sakwise para relawan, tangga teparo lan kanca-kanca aweh pambiyantu melu nggoleki Marni lan Aji.
Sakdurunge, kupiyaku nggoleki Marni lan Aji mau ora nuwuhake asil kaya apa sing dadi kekarepku. Aku yakin menawa Marni karo Aji isih kapendhem, kebrukan omahku dhewe. Siji mbaka siji relawan lan tangga teparo padha nyingkirake gendheng lan bata.
Swara kenthong titir bola-bali keprungu maneh saka kidul desa. Miturut katrangan sing kacathet ana ing kelurahan, korban tiwas gunggunge ana cacah 230 wong, gedhe cilik, enom tuwa, lanang lan wadon. Lan korban lara watara ana satusan wong.
Watara rong jam sakwise kedadeyan lindhu, ana swara kenthong titir sing dibare-ngi swara sirine montor ambulan. Rumangsaku, swara kenthong titir lan swara sirine ambulan sansaya suwe tambah akeh. Atiku tambah kaya diiris-iris maneh.
Apamaneh aku durung kasil nemokake Marni lan Aji. Aku arep njaluk tulung sapa, wong kabeh padha nandhang dhuhkita. ”Pacoban kok kaya mangkene, apa iki sing jenenge kiyamat?” pitakonku ing batin wola-wali. Aku wis kaya ora kuwat nglakoni urip sing kaya mangkene iki.
Sawise udakara telung jam, jasade Marni dan Aji kasil ditemokake. Marni lan Aji kurugan tembok lan gendheng ing perangan omah sisih tengah, pase ing kamar tengah. Awake sakloron kebak getih. Aku ora tega nyawang jasade Marni lan Aji.
Kenthong titir lan sirine ambulan keprungu maneh. Saiki saka sisih lor desa, tangga teparo bengok-bengok yen ana tsunami gedhe. Sakkal tanpa mikir maneh kabeh warga ing desaku langsung cincing mlayu menyang papan sing aman. Golek slamet dhewe-dhewe.
Malah korban tiwas sing durung karumat uga ditinggal kabeh. Mangkono uga jasade Marni lan Aji. Kabar tsunami mau jebul mung apus-apus, ora ana kanyatane. Bareng wis rada mendha, para warga desaku bali maneh menyang omahe dhewe-dhewe saprelu ngupakara barang-barang lan kulawargane sing wis dadi korban lindhu gedhe kang nggegirisi.
Prahara lindhu gedhe kang nggegirisi mau wis lumaku telung tahun luwih. Aku durung bisa nglalekake kedadeyan sing gawe remuke atiku. Amarga aku kudu pisah lan kelangan saklawase, sisihanku, Marni, lan anakku, Aji. Anakku siji-sijine. ”Muga-muga Marni lan Aji ing alam kalanggengan ditampa Gusti Allah,” Mangkono penjalukku karo Gusti Allah Kang Murbeng Dumadi.
”Sing uwis ya uwis, Kang. Ora sah digetuni, urip mono mung sakdrema. Kabeh mau kudu dibalekke marang Gusti,” kandhane Kang Raji rikala ngancani aku nyekar ana pasareyane Marni lan Aji.
Aku mbanjur mbrebes mili. Kang Raji ngrangkul aku lan ngejak mulih. Watara jam 21.30 WIB aku dheleg-dheleg nyawang mbulan sing kaya ajak-ajak supaya padha seneng-seneng. Wengi kuwi sanadyan dilipur karo mbulan, lintang lan swara kewan, atiku malah kaya diirii-iris maneh. Kenthong titir lamat-lamat keprungu saka kidul desa. Aku kelingan kedadeyan telung taun kapungkur kuwi. Lindhu gedhe sing nggegirisi.
Saben aku lungguhan ana ing ngisor wit talok, aku mesthi rungon-rungonen swara kenthong titir. Mripatku loro banjur lambah-lambah, kebak luh. Aku kelingan Marni lan Aji. Sedina sakdurunge lindhu gedhe nrajang, Marni meling karo aku supaya ngati-ati anggonk nglakoni urip.
”Kang, urip kuwi mung mampir ngombe, mula takjaluk sing ngati-ati. Aja nganti kagodha dening hawa napsu,” mangkono sisihanku, Marni, meling marang aku sinambi golek tuma ing rambutku.
Malah nalika iku, Marni uga ngejak klumpuk-klumpuk dhuwit kanggo nguliyahake Aji. Ananing durung kelakon apa sing dadi pengarep-arepe. Dheweke, sisan bareng Aji, nemoni bebendu lindhu gedhe nganti dadi lan tiwase.
Saben esuk sakbubare solat subuh, biyen Marni tansah adang sega lan nggodhog banyu kanggo gawe wedang. Salebare sara-pan aku menyang sawah, dene Marni menyang pasar dodolan bumbon. Aji mangkat sekolah. Nalika kuwi, telung taun kapungkur, sarapan durung kelakon wus katerak lindhu gedhe. Lindhu iku misahake katresnanku marang Marni lan Aji.




Dhukun Bajang

Mbah Dhukun, kula niki nembe gadhah prekawis. Panjenengan kinten-kinten saget nulungi kula mboten?” pitakone Trisna marang Mbah Surip nalika antuk giliran rondha.

Mbah Surip iku wong sing dituwakake ing ndesa kono. Jejere pancen dudu dhukun, nanging wong sakiwa-tengene kerep njaluk tulung. Ana sing njaluk didongakake, ana sing njaluk cekelan, pyandel, kayedene watu akik lan ali-ali. Wusana kondhang kanthi sesebutan Mbah Dhukun.
”Prekara dhuwit? Apa ora nduwe gaweyan?. Alaah, gampang kuwi” Mbah Surip nyauri pitakone Trisno sinambi nglinting udut klobot.
”Lho, Mbah Surip kok ngertos menawi kula nembe butuh arta. Nggih leres Mbah. Kula niki nembe butuh arta kaliyan gaweyan.Amargai pacangan kula, Siti, selak nyuwun dilamar. Saumpami wu;an ngajeng kula mboten mara nglamar, Siti bade medhot sesambungan kaliyan. Lan putranipun Pak Lurah Karso saking Desa Krajan, sampun nembung dhateng bapakipun Siti. Kamangsa raos tresna kula kaliyan Siti niku sampun kepati-pati. Pokoke nek mboten kalih Siti, anake Pak Slamet blantik niko, kula mboten mawon.” Trisno njlentrehake prekara sing diadhepi lan gawe bingung kuwi marang Mbah Surip.
”Lha, terang aku ya ngerti yen kowe nembe ngadhepi prekara sing ruwet. Lha wong cahyaning raimu ketok ireng ngono. Yen kowe ra duwe dhuwit, kuwi gampang. Aku bisa ngrampungake prekaramu kuwi kanthi cepet” ujare Mbah Surip.
”Lha caranipun pripun Mbah? Napa ngingu babi ngepet, napa ngingu thuyul, napa buta ijo? Wah nek niku kulo mboten saget, Mbah. Mangkih mesthi nyuwun tumbal” semaure Trisno. Dheweke isih pingin takon, nanging ora manteb, wedi yen jebule apa sing dikira pancen bener.
”Aja kuwatir, ora ngono kuwi. Kowe ora prelu tumbal. Kowe ngerti kuburan ing sisih lor desa kae?” pitakone Mbah Surip karo mesem.
”Ngertos Mbah, ngertos” wangsulane Trisno.
”Ing kuburan kuwi ana sing mbaureksa. Lah, sing mbaureksa ing kana wujude gendruwo. Arane Mbah Kopis. Percayaa aku, Mbah Kopis kuwi gelem gawe sugihe sapa wae pawongan sing gelem tirakat lan nyumadhiyakake sate gagak.Gampang lan penak ta wewatone,” piterange Mbah Surip.
”Menawi sate gagak kula saget nyepakaken. Nanging menawi tirakatipun kados punapa, Mbah?” pitakone Trisno maneh sing isih rada bingung.
”Tirakate kuwi pasa pati geni telung dina telung bengi. Yen wis rampung, kowe kudu nyumdhiyakake sate gagak ing ngisor wing ringin sing ana ing kuburan kana. Wancine nalika malem Slasa Kliwon. Kowe dhewe ya kudu melek suwene telung dina telung wengi kuwi. Takjamin, yen mengko Mbah Kopis gelem dhahar sate gagakmu, apa wae panjalukmu mesthi dituruti dening Mbah Kopis. Piye, gelem apa ora?”
”Wah, kadose kok gampil nggih, Mbah. Nanging kula niki jirih Mbah. Kulo ajrih menawi kiyambakan wonten kuburan mrika. Lha lajeng kadospundi, Mbah?” pitakone Trisno.
”Aja kuwatir. Kabeh mau bisa diatur. Yen kowe ora kuwat nglakoni tirakate lan ora wani melek dhewekan ing ngisor wit ringin, Mbah Surip iki bisa nggenteni kowe waton kowe bisa nykupi wewatone,” pratelane Mbah Surip.
”Wewatonipun napa, Mbah? Kulo purun mawon,” semaure Trisno katon sumringah.
”Aku bisa nulungi kowe. Waton kowe ngerti jer basuki mawa beya. Dadi kowe kudu nyepakake prabeya mahar kanggo tirakatan lan sate gagake. Iki ora mbayar lho, mung mbayar mahar kanggo tirakatan.”
”Pinten Mbah pangaji maharipun?” takon si Trisno.
”Ora larang kok. Mung Rp 3 yuta kanggo tirakatane lan Rp 2 yuta kanggo sate gagak lan lek-lekane. Piye, saguh ora?” takon Mbah Surip.
”Wah, kok awis sanget Mbah. Saget nganyang mboten? Kula mboten gadhah menawi Rp 5 yuta. Nggih pun, ngaten kemawon, Mbah. Kula takmikir rumiyin, Benjang enjang kula kabari putusan kula. Nggih, makaten kemawon Mbah. Kula badhe wangsul rumiyin” Trisno njaluk pamit.
Esuke, nalika srengenge durung njedhul ing bang wetan, Trisno wis tekan omahe Mbah Surip.
”Nyuwun pangapunten, Mbah Surip. Niki esuk-esuk kulo sampun ngrepoti.”
”Piye, nak Trisno. Sido apa ora?” Mbah Surip ethok-ethoke takon, kamangka Mbah Surip asline wis ngerti putusane Trisno.
”Kulo siyos Mbah. Panjenengen saget mesthekaken mangkih badhe kasil ta, Mbah?” Trisno takon karo masrahake wungkusan plastik werna ireng marang Mbah Surip.
Trisno banjur pamitan. Trisno mlaku karo mesam-mesem dhewe. Trisno banjur ngengen-ngen sing ora-ora. Dheweke bakal lunggih ing jejere Siti pas ningkahan. Duwe dhuwit akeh. Wah, pokoke Trisno bakal dadi wong sugih. Isine mung seneng-seneng. Bungah tenan atine Trisno. Ora rugi ndremis-ndremis karo simboke mau mbengi, banjur digolekke utangan.
Wis pirang-pirang dina Trisno ngenteni, nanging durung ana kabar saka Mbah Surip. Trisno wis wola-wali marani Mbah Surip, nakoake asile. Nanging wangsulane Mbah Surip mesthi sesuk, sesuk lan sesuk.
Nganti luwih saka setengah sasi, durung ana kabar. Malah Mbah Surip ora tau ing omahe yen diparani. Trisno wiwit rumangsa kapusan.
Esuke, nalika mlaku-mlaku ing prapatan, Trisno weruh ana karamen ing omahe Pak Bayan Pomo. Trisno banjur nyedhak. Ing kono katon wong-wong padha nesa-nesu, malah meh ana sing ngamuk, pengin ngrusak. Trisno banjur melu-melu mlebu omahe Pak Bayan Pomo. Amarga isih durung ngerti dununge kedadeyan, Trisno takon karo salah siji tanggane.
”Ar, Ari, ana apa iki? Kok rame-rame”.
”Kuwi, mau bengi Mbah Surip digerebek karo warga amarga ngamar ing Hotel Melati kidul desa. Mak Surti lapur marang Pak Bayan yen bojone, ya Mbah Surip ,lungo nginep karo cah wedok inm hotel. Wis telung dina ora mulih” piterange Ari.
”Hah, Mbah Surip konangan nggawa cah wedok lan nginep hotel. Oh, dhasar wong tuwa ora rumangsa tuwa” batine Trisno karo nesu-nesu. Dheweke dadi rumangsa yen pancen wus diapusi dening Mbah Surip.
”Digoleki pirang-pirang dina ora ketemu, ketemu pisan malah ing omahe Pak Bayan amarga bar digrebek ing hotel nalika ngamar karo cah wadon. Alah-alah, kayoa apa cah wedok sing gelem ngamar karo Mbah Surip. Wong wis tuwo, raine ya ora bagus, sugih ya ora, lha wong omah ya mung gubuk meh ambruk,” batine Trisno maneh
”Terus Mbah Surip karo sapa le ngamar, Ar?” pitakone Trisno marang Ari.
”Kuwi, karo Siti, anake Pak Slamet” wangsulena Ari.
”Hah, karo sapa? Sapa?” pitakone Trisno semu durung percaya marang wangsulane Ari.
”Karo Siti, anake Pak Slamet. Pak Slamet blantik kae lho” Ari nyauri sepisan maneh.
Bruuk!!!. Trisno langsung ambruk, semaput.



Kesandhung
Swara jam tembok wis muni kaping siji.
Ateges wis lingsir wengi, nanging mripatku ora gelem merem sanadyan wis wiwit mau aku mapan turu.
Wis tak peksa merem nanging kok ya isih krungu samubarang ing wengi iki.
Swarane jangkrik ngerik lan walang ing njaba kaya-kaya nggodha aku.
Uripku kaya wis kasrimpung. Aku ora bisa obah, sanadyan isih bisa mlangkah mrana-mrene, nanging iku mung awakku, mung ragaku.
Nanging nyawaku, jiwaku, urip iki wis kaya tumpes.
Gawang-gawang nalika semana, sawijining priya kang nyedhaki aku kanthi alus lan luwes.
Kabanda saka pokal lan trekahe bojoku, ora ngira yen ngene dadine.
Sing takpikir nalika semana mung kaslametane kulawargaku, jalaran priya sing nemoni aku katon alus, luwes ananging mripate ngemu rasa kang dudu sakbaene.
"Jeng dina iki aku ora urusan karo sisihanmu, nanging karo kowe. Gelem ora gelem kowe kudu manut karepku," mangkono kandhane priya mau ing omahe.
Aku rada mrinding. Weruh kahanan omahe. Apik, brukut, kabeh pirantine sarwa rega larang, isih maneh ana piranti olahraga, fitness lan tinju.
Tanpa sranta priya mau banjur ngglandhang aku, sanadyan aku mblalela ora ana tegese, jalaran pawakane gothot, mripate mencereng.
Nanging aku isih nyoba nglawan, dadine ora ana paedahe, aku diangkat lan diuncalake ana dhipan.
Tanpa nduweni rasa kamanungsan, aku terus ditindhihi lan dirudapeksa.
"Wis mulih kana, ora sah omong sapa-sapa. Urusane mung aku karo kowe, ngerti?" muni mangkono karo nguncalake amplop.
Aku banjur makbrabat mlayu metu terus nggeblas karo luhku dleweran ora bisa mandheg.
Tekan ngomah aku kaya kena angin lesus, tanpa daya, tanpa swara.
Apa sing taklakoni dudu karepku, dudu niyatku.
Nanging yagene kedadeyan mau bisa tumama marang awakku?
Sapa sing salah, sapa sing kudu tak sambati.
Aku durung mudheng prekarane, durung mudheng purwane, nanging dumadakan ana lesus kang nrejang awakku.
Let rong ndina aku ditelpon maneh, supaya teka ing omahe dheweke maneh.
Aku ora bisa nduwa lan muni ora. Nanging aku wis siyaga, yen ta banjur kedadeyan maneh pancen aku wis niyat, lire kanggo nylametake kulawargaku.
"Kulanuwun," aku uluk salam.
"Ehh mangga, Dhik. Radi repot nggih?" kandhane mbagekake aku.
Aku rada bingung, kok beda karo wingi, kok saiki alus, luwes tur rapi, nganggo klambi putih sing larang kae, clanane biru tuwa, atiku dheg-dhegan kaya ana rasa liya jroning atiku.
Aku ndomblong kaya sapi ompong.
"Dhiikk!" Aku rada gragapan.
"Ngene, sepisan, aku nyuwun pangapura prastawa winginane kae.
Aku wis ora sabar nyawang sliramu wiwit aku ketemu ana omahmu. Nanging saiki beda, sliramu yen bisa tak wengku pisan ngopeni omahku sing sijine.
Bab petungane sisihanmu karo aku wis dianggep ora ana.
Kabeh mau bisa digoleki, nanging yen atiku lan atimu sapa sing bisa nukokake," kandhane karo mesam-mesem.
"Nggih mboten ngaten ta, Mas," aku mangsuli.
"Ah ora sah basa, kaya karo sapa wae. Undangen aku Lilik ngana wae, piye lan apa karepmu," praupane serius.
Aku noleh ngiwa nengen, sepisan maneh kanthi premati tak sawang isen-isening omah iki.
Aku wis kebanjur teles, wis kembroh, apa alane yen aku nyoba kenthir ing banjir asmara iki?
"Ngene lho, Mas Lilik. Piye yen awake dhewe iki mung kekancan raket wae, prekara kersane njenengan iku tiba mburi, jalaran kahananku ora nyenengake lan ngrepotake njenengan. Piye yen ngono?" pitakonanku tak wanek-wanekake.
Taksawang rada sawetara, dheweke mung meneng nyawang aku lan sabanjure unjal ambegan, karo terus nyawang aku.
"Ya ra dadi ngapa, yen pancen ngono geleme atimu.
Aku ngerti kahananmu kok. Ora susah crita aku ngerti kabeh, jalaran aku iki kanca suwe karo sisihanmu.
Saiki yo mangan dhisik, apike ing restoran ngendi?" dheweke ngadeg karo nggandheng tanganku.
Aku mung kaya kebo dituntun ora suwala, banjur mbukak garasi, aku dibukake lawang montore, lungguh jejer dheweke ana ngarep.
Ya wiwit dina iku aku dadi kanca rakete Mas Lilik.
Kanggoku, sanadyan aku wis klebus ing banjir asmara, nanging aku isih eling yen aku iki wong bener, wong sing tansah ngugemi kabecikan.
Aku ora duwe pepenginan lan nglakoni. Wong sing nyawang mesthi ora bisa nampa sing taklakoni, nanging kabeh mau merga kahanane uripku.
Apa maneh bareng Mas Lilik nyukupi kabutuhanku lan pepenginanku tumrap sandhangan saksedulurku.
Luwih-luwih nalika panggonane wong tuwaku ketaman banjir banyu kali, dheweke kaya pahlawanku, nguripi sarta nulungi kabeh kabutuhane wong tuwaku.
Aku dhewe nggumun lan suwe-suwe aku nduweni rasa simpati marang dheweke.
"Apa kaya ngene iki ya urip sing mulya kuwi?" ngono batinku, aku kaya wis sulap marang kahanan ndonya.
Wiwit nem tahun kepungkur aku jejodhowan karo sisihanku, uripku tansah kecingkrangan.
Tenagaku takperes, ragaku takbanting rina wengi kanggo nyukupi kabutuhan urip.
Durung nate aku tembunge "diblanja", sanadyan dheweke nyambut gawe.
Nanging sing diudi lan disregepi mung perkara saresmi, kanthi alesan "kowe bojoku".
Malah nate saben-saben arep ngajak saresmi, milara aku.
Mbuh sing napuk rai, nyakot awakku kanthi alesan gemes lan isih akeh panandhang sing tak lakoni.
Sanadyan aku sambat, nanging malah saya nekat, kaya wong sing nduweni kelainan jiwa kae.
Nanging kabeh ora ana sing ngerti, wong tuwaku utawa mara tuwaku ngertine aku rukun lan becik wae.
Dumadakan ana kedadeyan mau, ngerti-ngerti dheweke duwe petungan sing ora sethithik karo Mas Lilik.
Ee, ya Allah, Gusti, apa iki ya panandhangku kang kudu tak lakoni.
Nyaure petungane sisihanku karo wong sing jeneng Lilik jebul nganggo awakku.
"Dhuh Gusti paringana kuwat lan sabar, supaya aku bisa nutugake momong anakku sing mung siji thil kae," sambatku kanthi luhku kang tanpa bisa diendheg, bantal sing tak turoni teles kebes, kaya telese awakku kang kena banjiring asmara duraka.
"Kulanuwun? Menapa leres menika dalemipun Mbak Umi?" ana pawongan gondrong nganggo topi mara ana omahku.
"Inggih leres, wonten menapa?" pitakonanku karo dheg-dhegan.
"Menapa leres panjenengan kanca raketipun Lilik? Gampangane pacare lah. Menawi leres, kula aturi tumut kula dhateng kantor".
Durung tak wangsuli, wis ana mobil Kijang biru ana ngarep omahku lan aku digawa mlebu.
"Ngaten lho Mbak, Lilik punika buron aparat amargi kiyambakipun kalibet urusan aparat. Pramila menawi mangkih panjenengan dipunkontak, panjenengan kula suwun ngabari kula." Mangkono kandhane priya gondrong mau.
Aku isih meneng wae, sejatine atiku lemes, jantung kaya mandheg, lan uripku puput.
Jalaran ora ngira yen Lilik kuwi kalibet urusan kriminal karo aparat. Dhasar manungsa, aku dhewe ya sulap nyawang kahanan, nanging kabeh mau amarga trekah lan polahe sisihanku. Terus aku kudu piye?
Kadi ngene kebentus ing awang-awang, kesandhung ing dalan rata.
Banjur sapa sing salah? Sisihanku, aku, utawa wong sing njiret uripku saiki iki? Makprepet aku ora kelingan apa-apa nalika semana.
"Mah, pipis". Aku gragap, anakku nglilir njaluk pipis.
Wis meh subuh, anakku bali turu maneh, aku banjur wiwit tata-tata kaya adat sabene, nyambut gawe, budhal jam setengah lima esuk, mulih jam pitu sore. "Gusti nyuwun pangapunten.






Kanca, aja gelem diapusi
Kanca, aja gelem diapusi". "Lha ngapa kok diapusi?"
"Lelakon telung tahun kepungkur, gumawang ing tlapukan mripatku."
Pacelathon mau kandheg. Bodro nggeget lathi, eseme kaya kerut ing kali gedhe najan wayahe ora mangsa udan.
Ewa semana najan mangsa ngerak dumadakan ana udan.
Ujare para pawongan desa lan kutha padha,
"Sak iki mangsa sak karepe dhewe," kebangeten pancen.
Nanging kabeh sing diceritakke mau akeh benere.
Wong nyatane kaya ngono. Mbuh amarga global warming, apa pancen sing diarani salah mangsa.
Sumangga.
"Kosik, Dro. Kowe kok kandha, "Aja gelem diapusi, kuwi nalare piye? Coba, aku tak pingin ngerti jlentrehe," mangkono kandhane Warto pingin babare crita aja gelem diapusi.
Bodro enggal nyritakake lelakone.
Lelakon nalika Bodro ndhaftar arep dadi anggota Dewan Perwakilan Rakyat sing diarani Bacaleg (Bakal Calon Legislatif).
Sekawit Bodro kuwi klebu wong polos, lire dheweke durung mangerteni apa ta lan kepiye mungguh kiprahe partai pulitik ing Indonesia, khususe ing tlatah kabupatene.
Wong nyatane Bodro nggunakke rasa yen nyegur ana ing donyane partai politik.
Saka babat mungguh adege partai politik ing tataran kabupaten sing disahke dening KPU, Bodro mbrengkut nyambut gawe tanpa ngerti wates. Ewa semana nalika tekane ndata dibukak pendhafatran Baceleg ing Dewan Pimpinan Cabang klebu urutan nomer siji.
Melu dhaftar nomer siji amarga nimbang, menawa Bodro klebu perintis partai pulitik ing kabupaten mau.
Dumadakan ana pawongan njaba sing melu dadi penguruse, lha kok Bodro bodhone jamak.
Kursi nomer siji diulungake karo pawongan anyar sing amarga duwe modhal cukup kanggo nyawung.
Bola-bali Bodro, ing donyane partai pulitik katon lugu tansah nggunakke rasa.
"Ya mung kandhaku, aku iki kandha karo rasa pangarsa. Besuk yen kowe dadi Dewan, ngertia karo aku.
Lire. Sak prapat saka gajimu dadi Dewan mbok ulungke aku. Minangka ngertimu marang aku," kandhane Bodro.
"Kuwi gampang Dro."
"Aja gampang lho Pong. Marga yen nganti kowe ngapusi aku, kowe bakal kuwalat," kandhane Bodro semu nyumpah marang pawongan jeneng Kempong sing sak iki bener-bener dadi anggota Dewan Perwakilan Rakyat.
"Sak iki ngene wae, Dro. Besuk yen aku dadi Dewan, blanjaku 25 persen tak wenehake kowe. Iki tenan," omongane Kempong karo udut lan mesthekke janjine.
Bodro ngugemi omongane Kempong.
"Ora-ora yen aku lali," kandhane Kempong tambah ngandelake kandhane marang Bodro supaya gedhe pengarep-arepe lan melu nyengkuyung anggone melu kampanye.
****
Ringkese crita, Kempong dadi anggota DPR.
Pawongan cilik, cendhek lan nglecis udute kuwi bener-bener dadi anggota Dewan.
Pisan pindho isih gelem sapa aruh karo Bodro sing biyen tau menehi kursi urut nomer siji. Isih kelingan, Bodro nampa dhuwit presen sing tau dijanjekke cacahe 25 persen.
Sasi November tahun 2004 lan Desember 2004.
Sak banjure kuwi, badala. Bodro sasat kaya wong ngemis, dolan menyang nggone Kempong.
Jebul kabeh omongan lan sumpah sing tau diomongke Kempong marang Bodro lali.
Bodro ngelus dhadha. Marga yen mulih cukup disangoni Rp 50.000 gedhene Rp 100.000.
"Bodro, mesakke temen nasibmu. Kowe mung diapusi Kempong," swarane atine Bodro keprungu ing talingane dhewe.
Sing biyen saben ariyaya menehi parcel, bada candhakke babar blas. Aja maneh sapa aruh, nilpon wae ora, malah kepara ngapusi wis dadi kelagehane.
Mesthi wae ngapusi kanthi janji-janji kanggo Bodro.
Bodro isih kelingan barang sing tau dioleh-olehi saka Kempong nalika studi bandhing saka njaban rangkah kabupaten. Wujute jam tangan lan kaos.
Isih ana buktine, jam kuwi isih dianggo bojone Bodro, lan kaose isih disimpen, katon nyancut yen dianggo Bodro.
Telung tahun wis kliwat. Saben bengi sak bubare Magrib, Bodro lan Kempong sarto sing dadi tim-me mesthi kampanye.
Tembunge kampanye door to door. Ing mangka daerah pilihan mau klebu daerah sing durung dimangerteni.
Nyangga isin yen kelingan nalika kampanye, kebak janji yen mengko bener-bener dadi anggota DPR.
"Menika partainipun enggal, sae. Nah, menika gambaripun.
Menika mangke ingkang dados presiden menawi partai menika mimpang," kandhane Bodro yen kelingan kampanye marang warga ing desa-ngadesa.
Bodro netesake luh. Kelingan nalika janji marang sedulur desa sing tau ditekani.
Dheweke bakal ngerti, mbiyantu bot repote para warga sing dijaluki donga pangestu lan panyengkuyung supaya ing Pemilu nyoblos gambar partaine.
Bodro banget nelangsa rumangsa kedosan, najan dheweke ora dadi anggota Dewan marga mung nomer urut loro lan sing dadi nomer siji jeneng Kempong.
"Dadi sak iki wong jeneng Kempong kuwi wuta, Dro?" pitakone Warto kebrongot melu anyel krungu critane Bodro.
Bodro mung bisa manthuk. Warto unjal ambegan landhung. Wong loro padha meneng kabeh.
"Yen kuwi ora mung wuta mripate, ning wuta atine," ujare Warta. Bodro mung bisa manggut-manggut krungu omongane Warto.
Bodro enggal mbukak omongane marang Warto. Menawa sak temene dheweke kecelik tau mlebu dadi wong partai pulitik.
Pranyata ora cocok karo krentege ati.
Cengkah karo batine, menawa ana wong ngandhakake, tidak sesuai dengan hati nurani.
"Mula aja gelem diapusi."
"Aja percaya karo wong sing seneng ngobral janji."
"Sedhela maneh arep Pemilu."
"Ateges, bakal akeh wong sing pingin lungguh kursi ing Dewan gentayangan golek mangsa."
"Njur?"
"Ngati-ati, aja gelem dimangsa."
"Ngana ya?"
"He em"
"Preeet...!" swara tanpa rupa kuwi ndadekake Bodro lan Warto padha cekikikan, malah kepara misuh jrone batin.
"Trondholo kecut."